Pernahkah kita memperhatikan bahwa 
rumah-rumah penduduk di Jawa, terutama yang berada dalam wilayah 
kerajaan Surakarta pada umumnya berlantaikan tanah jarang yang berjobin?
 Usut punya usut ternyata untuk urusan lantai memang kerajaan memberlakukan
 kebijakan diskriminatif kepada masyarakat yaitu pemerintah kerajaan 
Surakarta melarang masyarakat kelas bawah memiliki rumah dengan lantai 
jobin. 
Hal ini terungkap dalam Surat Laporan Sasradiningrat kepada 
Residen Surakarta 14 Agustus 1837 yang berbunyi: 
| Rumah di Jawa tahun 1800-an, Dinding bambu dan jobin tanah (Koleksi: http://www.kitlv.nl) | 
Atur tabe kula saha kaurmatan akathah-kathah, Kangjêng Radèn Adipati 
Sasradiningrat. Katur ing kangjêng tuwan residhèn mayor, residhèn ing 
Surakarta Adiningrat.
Sasampuning kadya punika wiyosipun. Kula sampun anampèni sêrat 
pêparingipun kangjêng tuwan residhèn. Kang katitimangsan ing Surakarta 
kaping 26 wulan Juli taun 1837, ingkang mungêling sêrat. Sarèhipun 
kamar-kamar ing loji agêng ngriki, badhe kadandosan. Mila kangjêng 
guprêmèn kakirangan sela jobin damêlan ing Têmbayat. Kathahipun 8300 
iji, ingkang pêsagi, mênggah agêngipun 12 dim. Ingkang punika 
pamundhutipun kangjêng tuwan residhèn. Ingkang mugi kula andhawahna 
parentah, angladosakên tumuntên. Mênggah rêgènipun satunggil, 24 dhuwit.
Ingkang punika atur wangsulan kula ing kangjêng tuwan residhèn. 
Mênggah kakiranganipun kangjêng guprêmèn. Sela jobin ingkang badhe 
kadamêl andandosi kamar-kamar
ing loji agêng, punika kula lajêng andhawahakên parentah, dhatêng 
kônca kula prayayi wadana jawi lêbêt. Utawi dhatêng wadana rêdi dhusun 
ing Klathèn. Sami kula dhawahi parentah supados andhawahi parentah damêl
 sela jobin. Dhatêng bawahipun siti dhusun piyambak-piyambak. Ingkang 
sami wontên selanipun pêthak. Mênawi sampun dados sami kaladosna kasadea
 lumêbêt ing nagari, utawi kasadea dhatêng ing loji agêng, kados ingkang
 sampun kalampahan. Mila sapunika mênggah panggenanipun sela jobin wau, 
mênawi botên wontên tiyang badhe tumbas. Inggih botên sami damêl. 
Ingkang mawi sela jobin punika, mênawi tiyang alit awisan botên kênging 
ngangge, wondening ing sapunika kula sawêg angsal paitan sela jobin 300,
 langkungan ingkang kula ladosakên srasah dalêm ing kraton inggal. 
Mênggah sapunika kula angladosakên sela jobin kêkalih, mugi kapariksaa 
dados kalihan botênipun. Mênawi saèstu dados, banon jobin kêkalih wau, 
kula paringakên dhatêng têtiyang dhusun ing Jêta, kula kinèn adamêl sela
 [se...]
[...la] jobin agêng wiyaripun kasamia kados sela jobin kalih wau, 
mênggah lêbêtipun kêlilana icir, kathah-kathahipun sèwu, sapêngandhap. 
Kêdhikipun satus sapênginggil.
Ingkang punika kula nuwun dhawahipun kangjêng tuwan residhèn. Sintên ingkang kula pasrahi utawi ingkang anampèni.
Kasêrat Surakarta ing dintên Sênèn tanggal kaping 12 wulan Jumadilawal taun Jimawal 1765.
(“Pembangunan
 kamar-kamar loji ageng menjelang selesai, tetapi batu jobin (tegel) 
kurang 8.300 biji, maka supaya segera disediakan. Sasradiningrat segera 
memesan ke daerah Klaten, sebab jika tidak pesan tidak ada yang membuat.
 karena orang-orang kalangan bawah dilarang mempunyai rumah dengan 
lantai jobin. Kemudian dikirimkan 2 biji jobin sebagai contoh, bila 
setuju, orang Jeta segera membuatnya, Dengan catatan pengirimannya 
secara berangsur, mulai dari 100 biji sampai 1.000 biji sekali 
pengiriman.”)
Jadi tidak mengherankan bila rumah yang bertegel jobin atau keramik dan tembok hanya milik para priyayi dan warga asing..:) [ Phesolo  ## Joko Prayitno ]